Tuesday, August 16, 2011

BBM Suroboyoan

Mbah Agus lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam.

Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen.

Mbah Agus disambut ambek Mamine wisma.

“Aku pingin pethuk ambek Sablah” jare Mbah Agus.

“Mbah Agus, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo…” jare Mamine.

“Aku kudhu pethuk ambek Sablah..” Mbah Agus mekso.

Akhire Mamine ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan...

“Mbah Agus, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking?” takok Sablah.

Gathik kakean cangkem, Mbah Agus ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, Mbah Agus digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Mbah Agus trs minggat.

Sisuke Mbah Agus teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku ngoleki Sablah maneh....

“Mbah Agus, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo.. gak ono diskon” jare Mamine.

Akhire Mamine nyeluk Sablah.

“Mbah Agus, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet?” takok Sablah.

Mbah Agus ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, arek loro iku mlebu kamar. Bareng wis mari diservis, Mbah Agus trs minggat.

Sisuke maneh, Mbah Agus teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam, nggoleki Sablah

Karo Mamine langsung dicelukno Sablah.

“Mbah Agus, gak ono discont lho", Sablah ngelingno.

"OK" jawabe Mbah Agus karo ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Mbah Agus.

“Mbah Agus, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku langsung ping telu. Teko ndheso endhi sampeyan Mbah Agus?” takok Sablah.

“Aku teko Sepanjang” jare Mbah Agus
“Lho iyo tah!!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang ....” jare Sablah kaget.

“Wis weruh aku.. Bapakmu mati sak wulan kepungkur.. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik.warisan limolasyuto.


• Komentar sesuai tema dan tidak mengandung unsur SARA dan Pornografi
• Komentar yang menyertakan link aktif, iklan, akan dimasukkan ke folder SPAM

EmoticonEmoticon